MUKENA KANGGO EMAK





            Mukena ing cantholan kuwi rupane wis kuning. Ana perangan kang suwek, nanging ditisik saengga ora katon. Renda ing pinggire mukena uga akeh sing dedes. Ketara menawa umure mukena wis tuwa. Mandeng mukena mau Lila dadi trenyuh. Kepingin rasane nukokne mukena anyar kanggo Emak. Nanging apa sing arep dienggo nukokne? Lha wong duwit sitheng bae ora nduwe.
            Kanthi rasa prihatin Lila ndeleh mukena ing cantholan maneh. Ing batin Lila ndonga supaya bisa antuk rejeki. Mbuh piye cara. Yen wus cukup mengko arep dienggo tuku mukena.
            Tas mari nyantholne mukena, dumadakan ana sing celuk-celuk. Lila cepet-cepet mbukak lawang ngarepan. Ngertakne sapa sing ngundang. Wo, tibane Danisha. Kanca rakete ing kelas VA.
            “Hei, Nish. Ana apa?”
            Danisha ora semaur, mung ngelungne kresek kang gemantung ing sepedahe. Lila nampani karo ujar ,”Apa iki?”
            “Coba delengen.”
            Lila nuli mbukak kresek. Tibane ing njero  anak ayam goreng tepung cacah papat. Gedhi-gedhi pisan. Wah, jan rejeki nomplok!  Ora dinyana antuk lawuh enake kaya ngene. Kanggone Lila lawuh ayam mono langka. Ora mesti sewulan sepisan, iku bae mbeneri ana wong slametan. Maklum, kahanan Lila pancen ora ana. Emake mung buruh tani, gajine ora cukup kanggo tuku lawuh ika-iki. Paling mung tempe, tahu, iwak asin, apa krupuk. Nanging Lila ora nate ngresula. Kanggone Lila ana panganan ing meja makan bae wus syukur banget.
            “Matur nuwun ya, Nish. Matur nuwun banget.”
            Danisha mesem karo pamitan. Dene. Lila ngiring lakune Danisha nganti ilang ing pojok dalan. Eh...ora let suwe, Nuri liwat. Saka mlakune katon yen Nuri kesusu banget. Saking kesusu nganti ora krungu nalika diaruh-aruhi Lila. Dheweke baru noleh nalika Lila nyeluk maneh.
            ” Kok kesusu arep menyang ngendi?”
            “Iki lho arep mbungkusi permen tape ing panggone Lik Kasidi.”
            “Oh, ngono. Entuk bayar pira, Nur?”
            Nuri ujar bayarane mung sithik. Saben sekilo dibayar Rp 200,00. Nanging yen akeh, antuke lumayan. Nuri bisa antuk duwit lima nganti sepuluh ewu ben dina. Krungu critane mau, Lila dadi kepingin melu. Sapa ngerti kerana kuwi impene kanggo nukokne mukena Emak kedadean.
            “Yen, ngono ayo budhal saiki bae, Lil...”
            Lila gage budhal karo Nuri menyang omahe Lik Kasidi. Lan miwiti pegaweyan dadi dadi tukang bungkus permen mulai dina iki.
            Ora kaya sing dibayangake, ngungkusi permen tape tibane ora gampang. Siji-loro pancen gampil. Yen atusan utawa ewunan? Aih, susah! Telung dina kerja, Lila asring diguyu kancane. Jarene, bungkusane Lila isih ala. Kudu dibaleni maneh supaya rapi.
            Nanging Lila ora serik ati. Malah tekad supaya bisa mbungkus luwih cepet, apik, lan rapi. Bener bae, seminggu sakwise Lila bisa nandingi cah-cah liya. Ya cepete, ya rapine, ya asile. Malahan saiki Lila bisa mbungkusi permen luwih saka rong puluh kilo barang. Cah-cah pada keplok weruh cepete Lila belajar!
            Sewulan antuk pegaweyan nyatane Lila dadi keteteran. Kerana sibuk mbungkuse permen tape, Lila dadi lali sembarang. Ora mung ngaji sing dilalekne, nanging uga isah-isah lan nyapu omah. Pe-er saka sekolah uga kelendran. Mergane arep nggarap awake wus kekeselen. Akhire timbang nggarap pe-er Lila milih turu. Mesti bae Emak dadi murka, amarga Lila luwih ngutamakne pegaweyane. Kerana kuwi Lila dilarang megawe ing panggone Lik Kasidi. Lila kuciwa krungu ucapan mau. Yen ngene piye bisane entuk duit kanggo tuku mukena? Mengkono pikire Lila karo kresah-kresuh dhewe.

            Gara-gara mikir kuwi Lila dadi ora konsentrasi belajar. Ing sekolahan Lila mung meneng bae karo deleg-deleg. Danisha dadi heran weruh solahe Lila. Nalika istirahat Danisha langsung takon apa sing marahi Lila bingung. Lila blaka apa bae kedadean kang dialami. Ora ana sing ketinggalan.
            “Aku dadi bingung, Nish. Piye carane antuk tambahan duwit ngene ki?” ujare  Lila mungkasi cerita.
            “Aha!” Dumadakan Danisha keplok. Lila sing ora weruh karepe mung plonga-plongo.
            “Piye yen kowe ngewangi resik-resik ing omahe Budheku? Bocah pondhok kang biasa ngewangi wus bali. Tugase enteng kok, mung nyapu latar lan omah kala sore. Kowe bisa nandangi sak mulihe ngaji. Kowe mulih ngaji jam papat to?”
            Lila manthuk kanthi praupane sumringah.
            “Sik, aja seneng sik. Takon Budhe dhisik. Muga-muga Budhe durung nemu bocah neh.”
            “Amiiin. Muga-muga bae ngono.”



            Sore-sore nyedhaki maghrib, Danisha ngejak Lila menyang omahe Budhene. Sengaja namu jam semono merga Budhe mesthi ana. Yen awan-awan Budhe durung mulih kerja. Maklum pegawe swasta, dadi mulihe antarane jam 16.30 utawa jam 17.00.
            Ing kana Danisha blaka apa karepe ngejak Lila rana. Wah, jian tepak tenan! Tibane Budhe durung nemu bocah kanggo ngewangi resik-resik omah. Budhe nuli kandha sesuk Lila bisa mulai megawe. Krungu ujare Budhe, Lila dadi seneng tenanan. Impene kanggo  nukokne Emak mukena anyar  bakal bisa kelaksanan!
           
            Sesuke Lila mulai megawe. Ati seneng marahi Lila tansah sigrak olehe resik-resik. Kamangka omahe lan platarane Budhe mono amba. Budhe dhewe ya seneng diewangi Lila resik-resik ing omahe. Sebab Lila mono prigel lan rajin tenanan. Lila uga gampang aweh pitulungan. Menawa Mbah Putri, Budhe, utawa Pakdhe nyuwun tulung ora nate ditolak. Merga kuwi Budhe ora eman-eman. Sakliyane diwenehi duwit Rp 10.000,00 ben dina, Lila uga asring digawani panganan.
            Sewulan wulan kerja, Lila benthok celengan. Waduh, tibane entuke meh telung atus ewu! Ewasemono ora ditukokne mukena kabeh. Sing satus seket ditukokne mukena, sisane ditabung maneh. Nyedhaki maghrib, Lila menehake mukena anyar mau. Emak kang arep budhal sholat mlongo, kamitenggengen.
            “Apa iki, Is?”
            “Mukena, kagem Emak.”
            Emak nuli nampani mukena mau. Mukena warna putih kanthi bordiran renda ayu ing pinggire. Wus luwih saka sepuluh tahun Emak ora nate ngerasakne dhuwe mukena anyar. Lha kok saiki Lila malah nukokne. Emak seneng banget. Saking senenge Emak nganti ngambungi mukena kuwi bola-bali.
            Ora krasa mripate kebak luh nalika kanda ,”Matur nuwun banget ya, Nduk, ya...”
            Lila mesem. Atine bungah weruh Emak sumringah.
           

Terbit di Jaya Baya, Minggu ke-4 Maret, 2017





Komentar

  1. Selamat ya Mbak. ini majalah bahasa jawa ya? om ku langganan kayaknya dulu. gatau sekarang masih langganan enggak. Baca judulnya aku sudah terharu, apalagi baca keseluruhan, walau nggak selancar baca bhs Indonesia hehehe

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iya Mbak Wahyu, majalah basa Jawa. Terima kasih sudah mampir dan baca cerita ini

      Hapus

Posting Komentar