Postingan

Menampilkan postingan dengan label Cerita Anak Berbahasa Jawa

MUKENA KANGGO EMAK

Gambar
Mukena ing cantholan kuwi rupane wis kuning. Ana perangan kang suwek, nanging ditisik saengga ora katon. Renda ing pinggire mukena uga akeh sing dedes. Ketara menawa umure mukena wis tuwa. Mandeng mukena mau Lila dadi trenyuh. Kepingin rasane nukokne mukena anyar kanggo Emak. Nanging apa sing arep dienggo nukokne? Lha wong duwit sitheng bae ora nduwe. Kanthi rasa prihatin Lila ndeleh mukena ing cantholan maneh. Ing batin Lila ndonga supaya bisa antuk rejeki. Mbuh piye cara. Yen wus cukup mengko arep dienggo tuku mukena. Tas mari nyantholne mukena, dumadakan ana sing celuk-celuk. Lila cepet-cepet mbukak lawang ngarepan. Ngertakne sapa sing ngundang. Wo, tibane Danisha. Kanca rakete ing kelas VA. “Hei, Nish. Ana apa?” Danisha ora semaur, mung ngelungne kresek kang gemantung ing sepedahe. Lila nampani karo ujar ,”Apa iki?” “Coba delengen.” Lila nuli mbukak kresek. Tibane ing njeroanak ayam goreng tepung cacah papat. Gedhi-gedhi pisan. Wah, jan rejeki nomplok! Ora dinyana antuk lawuh enake kay…

MATUR NUWUN, MAYA

Gambar
Wis ana telung minggu Maria pindah saka Belu. Belu monosalah sijining kabupaten ing NTT. Panggone cedhak karo perbatasan Timor Leste, negara kang tau dadi propinsi paling enom ing Indonesia. Sak suwene pindah ing Genteng, Banyuwangi, Maria asring sedih. Dheweke rumangsa kesisih. Ora ana bocah sing gelem ngancani. Angger-angger mung diguyu-guyu utawa dirasani. Duh, Maria dadi gela. Menawa bisa ngono dheweke luwih milih bali lan sekolah ing Belu bae. Ing kana luwih penak. Kabeh kanca wus dikenal, malahan akeh sing kaya sedulur dhewe. Coba Papa isih ana, mestine Papa ora bakal lila menawa Maria urip ing Jawa. Kepiye meneh, kahanan wis beda nalika Papa ora ana. Dulure Marina kabeh ana telu. Mama megawene mung serabutan. Jelas ora bisa menehi panguripan apik kanggo Maria lan adhi-adhine. Siji-sijining dalan, bocah-bocah banjur digawa dening dulure kang mapan. Banjur disekolahne supaya masa depane cerah. Ora dadi wong bodho lan ketula-tula. Maria akhire melu Om Alex ing Banyuwangi. Dene adhi…

KAPOKE MIKO

Gambar
Bocah tomboy kang lungguh ing ngarepku kuwi jenenge Cherry. Cherry Tanoyo lengkape. Cherry mono isih anyar ingkampungku kene. Sakdurunge Cherry urip ing Semarang, awor karo simbahe. Nalika dak takoni ngapa kok pindah ing Sarirejo, Cherry kandha menawa melu Papahe. Papahe tibane kelairan desa Sarirejo. Dene Mamahe asli saka Semarang kana. “Apa ora penak ing Semarang to, Cher?” Cherry manggut. Anging piye maneh. Soale Papahe diserahi ngurus perusahaan beras ing Sarirejo kene. Aku manthuk-manthuk krungu semaure Cherry. “Eh, kowe arep lumpia? Aku tas bae dikirimi Omaku ka Semarang.” “Tenane?” Cherry ngacungke jempole. Wah, ndeleng kuwi aku ora kathik mikir maneh. Langsung njawab iya. Cherry banjur menehi isyarat supaya aku nunggu sedhela. Dheweke arep mlebu lan njupuk lumpia dhisik. Aku mung manthuk kaya beo. Dene Cherry banjur bablas menyang njero omahe. Ora nganti limang menit Cherry bali karo nggawa baki. Ing dhuwure baki mau wus ana lumpia cacah papat lan es jeruk. “Byuh, kok repot-repot me…