Bocah
tomboy kang lungguh ing ngarepku kuwi jenenge Cherry. Cherry Tanoyo lengkape. Cherry
mono isih anyar ing kampungku kene. Sakdurunge
Cherry urip ing Semarang, awor karo simbahe. Nalika dak takoni ngapa kok pindah
ing Sarirejo, Cherry kandha menawa melu Papahe. Papahe tibane kelairan desa
Sarirejo. Dene Mamahe asli saka Semarang kana.
“Apa
ora penak ing Semarang to, Cher?”
Cherry
manggut. Anging piye maneh. Soale Papahe diserahi ngurus perusahaan beras ing
Sarirejo kene. Aku manthuk-manthuk
krungu semaure Cherry.
“Eh,
kowe arep lumpia? Aku tas bae dikirimi Omaku ka Semarang.”
“Tenane?”
Cherry
ngacungke jempole. Wah, ndeleng kuwi aku ora kathik mikir maneh. Langsung
njawab iya. Cherry banjur menehi isyarat supaya aku nunggu sedhela. Dheweke
arep mlebu lan njupuk lumpia dhisik. Aku mung manthuk kaya beo. Dene Cherry
banjur bablas menyang njero omahe. Ora nganti limang menit Cherry bali karo
nggawa baki. Ing dhuwure baki mau wus ana lumpia cacah papat lan es jeruk.
“Byuh,
kok repot-repot men, Cher?” kandhaku karo mandeng si banyu ngombe.
“Halah,
wong banyu ngombe kok repot. Ayo dipangan.”
Cherry
manggakne aku. Aku mesem karo njupuk lumpia. Byuh, jan enak tenan rasane. Beda
karo lumpia-lumpia sing di dol ing kantin sekolah. Lumpia ing kana cilik tur
isine ora padet. Nanging lumpia sing diwenehi Cherry kuwi beda. Isine akeh tur
krasa bumbune. Wiih, umpamane pas mulih aku digawani mesti geleme!
Hihihihihi...
Lagi
asyik-asyik mangan lumpia, dumadakan...der! Ana bal mabur saka jaba banjur
ngantem kaca omahe Cherry. Aku karo Cherry jumbul lan njerit sak kayange. Duh,
jan sapa ta kuwi sing kurang penggaweyan? Aku mlaku metu karo clilang-cliling
nggoleki sapa sing nendang bal ora ngati-ati kuwi. Durung nganti semenit bocahe
muncul karo malang kerik.
“Ta,
kowe eruh balku?” takone Miko angkuh.
Aku
unjal ambegan. Kok ana ta bocah ora kaya ngene. Takone kasar, malang kerik
sisan. Iih, marahi kudu ngethaki bae!
Batinku jengkel.
“Lha
kowe piye mau? Kan kowe sing nendang.”
“Wo,
bocah! Ditakoni malah takon balik!” kandhane Miko cereng.
Aku
gedheg-gedheg. Mbok yo nek takon ki sing apik, batinku. Durung nganti ngomong
maneh, Miko ujar ,”Ndang jupukno!”
“Ndak
isa!”
Aku
lan Miko noleh ing arahe swara. Katon Cherry mlaku nyedhak karo nggawa bale
Miko.
“Yen
kowe arep njupuk bal, jupuken dhewe. Aja akon wong liya.”
“Ya
wis kene,” jawabe Miko karo mbesengut lan ngacungne tangane.
“Lho,
mosok ngono iku. Sing apiklah. Kowe ki wis salah, malah nyentak-nyentak,”
tegese Cherry.
Aku
melongo. Biasane ora nate ana bocah kene sing wani karo Miko. Ora merga Miko,
nanging marga Bapake. Lha piye sangger ana masalah mesti lapor karo Bapake.
Mengko Bapake nekani si bocah sing dadi mungsuhe Miko, banjur diseneni. Hara,
apa ora megelne? Kerana kuwi yen tukaran karo Miko mending ora usah diterusne.
Timbang mengko Bapake sing maju, malah blai.
“Aja
mendelik. Mengko mripatmu cepot,” Cherry maneni Miko.
Waduh!
Aku gage nggeret Cherry ngalih. Tekan ing ngisor tritisan omahe aku banjur
bisik-bisik ,”Wis, Cher. Mengko kowe dikandhakne Bapake lho.”
“Siapa takut? Biar saja. Kalau Bapaknya datang biar Cherry yang bicara.”
Blaik
iki! Aku dremimil njero ati. Donga moga-moga Cherry aja nganti ditemoni Bapake
Miko. Bapake Miko mono medeni. Gedhe dhuwur, ireng, lan rada brangasan. Anging
dongaku ora keturutan. Tas bae mingkem lha kok ana wong cluluk ,”Woi, endi sing
jenenge Cherry! Ayo metu! Masa bale anakku kok ora oleh dijupuk.”
Cherry
noleh, arep mlangkah nyedhaki. Tapi, aku nyegah. Aku wedi menawa mengko Paklik
Mudi, Bapake Miko, kalap. Hiii...Sakwalike, Cherry malah ora wedi. Kenya kang
umure setahun luwih enom saka aku kuwi malah mesem. Dheweke malah ngandhani aku
supaya ora wedi.
“Saya, Pak. Saya Cherry.”
Cherry
santai mlaku nemoni Paklik Mudi.
“Oh,
kowe?” Paklik Mudi mlintir brengose. “Ngapa bale anakku ra mok wehne?”
Cherry
mesem. “Mari masuk dulu, Pak. Tidak enak
bicara di jalan,” ujare Cherry nganggo basa Indonesia kang sopan.
Ora
dinyana Paklik Mudi nuruti karepe Cherry. Aku sing ngadeg ing mburine Cherry
mung mlongo weruh kahanan mau. Karo wedi-wedi aku mlaku nempel marang Cherry, nganti tekan ruang tamu.
Sakwise kuwi Cherry njupuk bal duwene Miko nuli digawa mlebu menjero.
Sak
durunge nguwehne Cherry njlentrehake ,”Saya
sebenarnya tidak berniat menahan bolanya Miko. Tapi, terpaksa saya lakukan.
Miko menendang bola sampai mengenai kaca jendela. Itu buktinya."
Cherry
nunjukake bukti lemah kotor kang nempel ing cendela omahe. “Tapi, bukannya minta maaf, Miko malah marah-marah. Kata-katanya kasar.
Begitu, Pak.”
Paklik
Mudi katon ora percaya. Aku banjur manek-manekne omong ,”Enggih, kok Paklik.
Leres sanjange Cherry. Wau nggih ngaken kula mendhetne, nanging sanjange kasar.
Mboten sae.”
Paklik
Mudi klicutan. Sakwise kuwi banjur pamitan, ora noleh-noleh maneh. Bal sing
kudune digawa mulih malah ketinggalan. Aku karo Cherry pandeng-pandengan.
Cherry sadar dhisikan. Bocah kuwi gage mlayoni Paklik Mudi, ngandhani menawa
bale keri. Kasep! Paklik Mudi wis ora katon maneh.
Ora
let suwe, ana wong uluk salam. Cherry lan aku metu saka njero omah, nemoni si
tamu. Jebule Paklik Mudi karo anake, Miko.
Kandhane
,”Cherry, Tita...aku njaluk sepura. Iki Miko uga arep njaluk sepura sisan.”
Kosokbaline
Miko katon yen owel. Nanging dheweke ora isa apa-apa nalike dipendeliki Bapake.
“Sepurane,
Cher. Sepurane Tita.”
Aku
karo Cherry manthuk. “Iyo,” saurku lan Cherry barengan.
“Rungokno
kupingmu kuwi, sesuk meneh aja dibaleni. Kowe ngisin-isini.”
Aku
karo Cherry pandeng-pandengan, nuli kamikekelen sakwise Miko lan Bapake bali.
Sakbare dina kuwi, sikape Miko berubah. Kapok, ora wani nyenthe-nyenthe kaya
biyen maneh. Apamaneh marang aku lan
Cherry. Embuh kenapa. Mungkin dheweke dituturi akeh-akeh karo Bapake sakmarine
teka omahe Cherry kae. Hihihihi...
Terbit di Jaya Baya, Minggu I Februari, 2017
Komentar
Posting Komentar