Tampilkan postingan dengan label Cerita Anak Berbahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita Anak Berbahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

08 Mei 2017

MUKENA KANGGO EMAK





            Mukena ing cantholan kuwi rupane wis kuning. Ana perangan kang suwek, nanging ditisik saengga ora katon. Renda ing pinggire mukena uga akeh sing dedes. Ketara menawa umure mukena wis tuwa. Mandeng mukena mau Lila dadi trenyuh. Kepingin rasane nukokne mukena anyar kanggo Emak. Nanging apa sing arep dienggo nukokne? Lha wong duwit sitheng bae ora nduwe.
            Kanthi rasa prihatin Lila ndeleh mukena ing cantholan maneh. Ing batin Lila ndonga supaya bisa antuk rejeki. Mbuh piye cara. Yen wus cukup mengko arep dienggo tuku mukena.
            Tas mari nyantholne mukena, dumadakan ana sing celuk-celuk. Lila cepet-cepet mbukak lawang ngarepan. Ngertakne sapa sing ngundang. Wo, tibane Danisha. Kanca rakete ing kelas VA.
            “Hei, Nish. Ana apa?”
            Danisha ora semaur, mung ngelungne kresek kang gemantung ing sepedahe. Lila nampani karo ujar ,”Apa iki?”
            “Coba delengen.”
            Lila nuli mbukak kresek. Tibane ing njero  anak ayam goreng tepung cacah papat. Gedhi-gedhi pisan. Wah, jan rejeki nomplok!  Ora dinyana antuk lawuh enake kaya ngene. Kanggone Lila lawuh ayam mono langka. Ora mesti sewulan sepisan, iku bae mbeneri ana wong slametan. Maklum, kahanan Lila pancen ora ana. Emake mung buruh tani, gajine ora cukup kanggo tuku lawuh ika-iki. Paling mung tempe, tahu, iwak asin, apa krupuk. Nanging Lila ora nate ngresula. Kanggone Lila ana panganan ing meja makan bae wus syukur banget.
            “Matur nuwun ya, Nish. Matur nuwun banget.”
            Danisha mesem karo pamitan. Dene. Lila ngiring lakune Danisha nganti ilang ing pojok dalan. Eh...ora let suwe, Nuri liwat. Saka mlakune katon yen Nuri kesusu banget. Saking kesusu nganti ora krungu nalika diaruh-aruhi Lila. Dheweke baru noleh nalika Lila nyeluk maneh.
            ” Kok kesusu arep menyang ngendi?”
            “Iki lho arep mbungkusi permen tape ing panggone Lik Kasidi.”
            “Oh, ngono. Entuk bayar pira, Nur?”
            Nuri ujar bayarane mung sithik. Saben sekilo dibayar Rp 200,00. Nanging yen akeh, antuke lumayan. Nuri bisa antuk duwit lima nganti sepuluh ewu ben dina. Krungu critane mau, Lila dadi kepingin melu. Sapa ngerti kerana kuwi impene kanggo nukokne mukena Emak kedadean.
            “Yen, ngono ayo budhal saiki bae, Lil...”
            Lila gage budhal karo Nuri menyang omahe Lik Kasidi. Lan miwiti pegaweyan dadi dadi tukang bungkus permen mulai dina iki.
            Ora kaya sing dibayangake, ngungkusi permen tape tibane ora gampang. Siji-loro pancen gampil. Yen atusan utawa ewunan? Aih, susah! Telung dina kerja, Lila asring diguyu kancane. Jarene, bungkusane Lila isih ala. Kudu dibaleni maneh supaya rapi.
            Nanging Lila ora serik ati. Malah tekad supaya bisa mbungkus luwih cepet, apik, lan rapi. Bener bae, seminggu sakwise Lila bisa nandingi cah-cah liya. Ya cepete, ya rapine, ya asile. Malahan saiki Lila bisa mbungkusi permen luwih saka rong puluh kilo barang. Cah-cah pada keplok weruh cepete Lila belajar!
            Sewulan antuk pegaweyan nyatane Lila dadi keteteran. Kerana sibuk mbungkuse permen tape, Lila dadi lali sembarang. Ora mung ngaji sing dilalekne, nanging uga isah-isah lan nyapu omah. Pe-er saka sekolah uga kelendran. Mergane arep nggarap awake wus kekeselen. Akhire timbang nggarap pe-er Lila milih turu. Mesti bae Emak dadi murka, amarga Lila luwih ngutamakne pegaweyane. Kerana kuwi Lila dilarang megawe ing panggone Lik Kasidi. Lila kuciwa krungu ucapan mau. Yen ngene piye bisane entuk duit kanggo tuku mukena? Mengkono pikire Lila karo kresah-kresuh dhewe.

04 Mei 2017

MATUR NUWUN, MAYA



                                                                  
                                      


            Wis ana telung minggu Maria pindah saka Belu. Belu mono  salah sijining kabupaten ing NTT. Panggone cedhak karo perbatasan Timor Leste, negara kang tau dadi propinsi paling enom ing Indonesia. Sak suwene pindah ing Genteng, Banyuwangi, Maria asring sedih. Dheweke rumangsa kesisih. Ora ana bocah sing gelem ngancani. Angger-angger mung diguyu-guyu utawa dirasani. Duh, Maria dadi gela. Menawa bisa ngono dheweke luwih milih bali lan sekolah ing Belu bae. Ing kana luwih penak. Kabeh kanca wus dikenal, malahan akeh sing kaya sedulur dhewe.
            Coba Papa isih ana, mestine Papa ora bakal lila menawa Maria urip ing Jawa. Kepiye meneh, kahanan wis beda nalika Papa ora ana. Dulure Marina kabeh ana telu. Mama megawene mung serabutan. Jelas ora bisa menehi panguripan apik kanggo Maria lan adhi-adhine. Siji-sijining dalan, bocah-bocah banjur digawa dening dulure kang mapan. Banjur disekolahne supaya masa depane cerah. Ora dadi wong bodho lan ketula-tula. Maria akhire melu Om Alex ing Banyuwangi. Dene adhine nomer loro, Michael, melu Om Sam ing Kalimantan. Lea, adhine kang nomer telu melu Tante Mercy ing Jakarta. Mung kari Daniel kang ngancani Mama ing Belu. Isih sibuk mikir ngono, dumadakan Tante Christin teka.
            Kok tidak segera berangkat, Maria? Nanti kesiangan,” kandhane Tante Christin, bojone Om Alex.
            Maria noleh karo mesem tipis. “Iya, Tante. Sebentar...,” kandhane lirih, ora semangat.
            Yang gembira dong, jangan sedih begitu. Hati yang gembira itu bikin semua hal jadi ceria.” Tante Christin nepuk pundhake Maria, menehi semangat.
            Maria pingin banget kandha menawa dheweke ora krasan. Maria kedereng mulih ing Belu. Nanging ora kawetu. Maria emoh nyinggung atine. Merga Tante Christin apik banget. Wus gelem ngramut bocah yatim kaya dheweke.
            Ora kaya isine ati, Maria mesem amba marang Tantene. Ujare ,”Iya Tante. Saya berangkat ya?”
            Maria gage mangkat menyang sekolah. Sekolahe mung cedhak bae, mung setengah kilo. Beda karo sekolahe mbiyen ing Belu. Ing kana Maria kudu nempuh dalan dawane petang kilo dhewe. Ngono bae karo mlayu, merga ora ana sarana liyane. Arep numpak ojek eman-eman. Numpak angkutan umum ya ora ana. Nalika Tante ngomong supaya sabar sebab sekolah rada adoh, Maria mbayangne sekolahe biyen. Bareng ngerti pira adohe, Maria dadi mlongo. Masa iya setengah kilo bae adoh? Yen mung sak mono enteng banget kanggone Maria.
            Tekan sekolahan, Maria lungguh ndheweki ing pojok pelataran. Pas ing ngisore wit flamboyan. Kembange kang werna abang-abang pada ceblok ngepasi Maya teka. Kenya cilik kang kulitane kuning kuwi ngguyu marang Maria.
            “Kok ing kene dhewe to, Mar?” takone Maya, lali menawa Maria durung bisa basa Jawa.
            Maria mung garuk-garuk rambute kang kriting. Bingung olehe arep njawab. Sebab Maria ora ngerti karepe. Nyadari kahanan mau Maya nuli nepuk sirahe.
            Eh, sori...Aku lupa kamu belum bisa bahasa Jawa.” Maya mesem.”Anu...aku tadi tanya, kenapa kamu disini sendiri?”
            Maria meneng sedhela. Mandeng Maya rada suwe, nuli njawab ,”Tak ada yang mau berteman denganku.”

27 April 2017

KAPOKE MIKO





                                                                                

            Bocah tomboy kang lungguh ing ngarepku kuwi jenenge Cherry. Cherry Tanoyo lengkape. Cherry mono isih anyar ing  kampungku kene. Sakdurunge Cherry urip ing Semarang, awor karo simbahe. Nalika dak takoni ngapa kok pindah ing Sarirejo, Cherry kandha menawa melu Papahe. Papahe tibane kelairan desa Sarirejo. Dene Mamahe asli saka Semarang kana.
            “Apa ora penak ing Semarang to, Cher?”
            Cherry manggut. Anging piye maneh. Soale Papahe diserahi ngurus perusahaan beras ing Sarirejo kene.    Aku manthuk-manthuk krungu semaure Cherry.
            “Eh, kowe arep lumpia? Aku tas bae dikirimi Omaku ka Semarang.”
            “Tenane?”
            Cherry ngacungke jempole. Wah, ndeleng kuwi aku ora kathik mikir maneh. Langsung njawab iya. Cherry banjur menehi isyarat supaya aku nunggu sedhela. Dheweke arep mlebu lan njupuk lumpia dhisik. Aku mung manthuk kaya beo. Dene Cherry banjur bablas menyang njero omahe. Ora nganti limang menit Cherry bali karo nggawa baki. Ing dhuwure baki mau wus ana lumpia cacah papat lan es jeruk.
            “Byuh, kok repot-repot men, Cher?” kandhaku karo mandeng si banyu ngombe.
            “Halah, wong banyu ngombe kok repot. Ayo dipangan.”
            Cherry manggakne aku. Aku mesem karo njupuk lumpia. Byuh, jan enak tenan rasane. Beda karo lumpia-lumpia sing di dol ing kantin sekolah. Lumpia ing kana cilik tur isine ora padet. Nanging lumpia sing diwenehi Cherry kuwi beda. Isine akeh tur krasa bumbune. Wiih, umpamane pas mulih aku digawani mesti geleme! Hihihihihi...
            Lagi asyik-asyik mangan lumpia, dumadakan...der! Ana bal mabur saka jaba banjur ngantem kaca omahe Cherry. Aku karo Cherry jumbul lan njerit sak kayange. Duh, jan sapa ta kuwi sing kurang penggaweyan? Aku mlaku metu karo clilang-cliling nggoleki sapa sing nendang bal ora ngati-ati kuwi. Durung nganti semenit bocahe muncul karo malang kerik.
            “Ta, kowe eruh balku?” takone Miko angkuh.
            Aku unjal ambegan. Kok ana ta bocah ora kaya ngene. Takone kasar, malang kerik sisan. Iih, marahi kudu ngethaki bae! Batinku jengkel.
            “Lha kowe piye mau? Kan kowe sing nendang.”
            “Wo, bocah! Ditakoni malah takon balik!” kandhane Miko cereng.
            Aku gedheg-gedheg. Mbok yo nek takon ki sing apik, batinku. Durung nganti ngomong maneh, Miko ujar ,”Ndang jupukno!”
            “Ndak isa!”
            Aku lan Miko noleh ing arahe swara. Katon Cherry mlaku nyedhak karo nggawa bale Miko.
            “Yen kowe arep njupuk bal, jupuken dhewe. Aja akon wong liya.”
            “Ya wis kene,” jawabe Miko karo mbesengut lan ngacungne tangane.
            “Lho, mosok ngono iku. Sing apiklah. Kowe ki wis salah, malah nyentak-nyentak,” tegese Cherry.