Wis
ana telung minggu Maria pindah saka Belu. Belu mono salah sijining kabupaten ing NTT. Panggone
cedhak karo perbatasan Timor Leste, negara kang tau dadi propinsi paling enom
ing Indonesia. Sak suwene pindah ing Genteng, Banyuwangi, Maria asring sedih. Dheweke
rumangsa kesisih. Ora ana bocah sing gelem ngancani. Angger-angger mung
diguyu-guyu utawa dirasani. Duh, Maria dadi gela. Menawa bisa ngono dheweke
luwih milih bali lan sekolah ing Belu bae. Ing kana luwih penak. Kabeh kanca
wus dikenal, malahan akeh sing kaya sedulur dhewe.
Coba
Papa isih ana, mestine Papa ora bakal lila menawa Maria urip ing Jawa. Kepiye
meneh, kahanan wis beda nalika Papa ora ana. Dulure Marina kabeh ana telu. Mama
megawene mung serabutan. Jelas ora bisa menehi panguripan apik kanggo Maria lan
adhi-adhine. Siji-sijining dalan, bocah-bocah banjur digawa dening dulure kang
mapan. Banjur disekolahne supaya masa depane cerah. Ora dadi wong bodho lan
ketula-tula. Maria akhire melu Om Alex ing Banyuwangi. Dene adhine nomer loro,
Michael, melu Om Sam ing Kalimantan. Lea, adhine kang nomer telu melu Tante
Mercy ing Jakarta. Mung kari Daniel kang ngancani Mama ing Belu. Isih sibuk
mikir ngono, dumadakan Tante Christin teka.
“Kok tidak segera berangkat, Maria? Nanti kesiangan,” kandhane Tante
Christin, bojone Om Alex.
Maria
noleh karo mesem tipis. “Iya, Tante.
Sebentar...,” kandhane lirih, ora semangat.
“Yang gembira dong, jangan sedih begitu. Hati
yang gembira itu bikin semua hal jadi ceria.” Tante Christin nepuk pundhake
Maria, menehi semangat.
Maria
pingin banget kandha menawa dheweke ora krasan. Maria kedereng mulih ing Belu.
Nanging ora kawetu. Maria emoh nyinggung atine. Merga Tante Christin apik
banget. Wus gelem ngramut bocah yatim kaya dheweke.
Ora
kaya isine ati, Maria mesem amba marang Tantene. Ujare ,”Iya Tante. Saya berangkat ya?”
Maria
gage mangkat menyang sekolah. Sekolahe mung cedhak bae, mung setengah kilo.
Beda karo sekolahe mbiyen ing Belu. Ing kana Maria kudu nempuh dalan dawane petang
kilo dhewe. Ngono bae karo mlayu, merga ora ana sarana liyane. Arep numpak ojek
eman-eman. Numpak angkutan umum ya ora ana. Nalika Tante ngomong supaya sabar
sebab sekolah rada adoh, Maria mbayangne sekolahe biyen. Bareng ngerti pira
adohe, Maria dadi mlongo. Masa iya
setengah kilo bae adoh? Yen mung sak mono enteng banget kanggone Maria.
Tekan
sekolahan, Maria lungguh ndheweki ing pojok pelataran. Pas ing ngisore wit
flamboyan. Kembange kang werna abang-abang pada ceblok ngepasi Maya teka. Kenya
cilik kang kulitane kuning kuwi ngguyu marang Maria.
“Kok
ing kene dhewe to, Mar?” takone Maya, lali menawa Maria durung bisa basa Jawa.
Maria
mung garuk-garuk rambute kang kriting. Bingung olehe arep njawab. Sebab Maria
ora ngerti karepe. Nyadari kahanan mau Maya nuli nepuk sirahe.
“Eh, sori...Aku
lupa kamu belum bisa bahasa Jawa.” Maya mesem.”Anu...aku tadi tanya, kenapa
kamu disini sendiri?”
Maria
meneng sedhela. Mandeng Maya rada suwe, nuli njawab ,”Tak ada yang mau berteman denganku.”
Maya
kedep-kedep heran. Prasane ora ana kanca sing mikir kaya ngono. Malahan Maria
dhewe sing tansah ngadoh. Penasaran kok bisa Maria ngomong ngono, Maya banjur
takon ,”Kenapa? Coba katakan padaku.”
“Habis tiap aku bicara mereka menertawakan
aku. Mereka juga berbisik-bisik di belakangku. Itu kan tidak mengenakkan.”
Maya
ngguyu. Oh, dadi kuwi sebabe? Pantesan bae! Hm, berarti saksuwene iki Maria
salah tampa. Bocah-bocah mau ngguyu ora merga ngenyek, nanging merga lucu.
Sebab logate Maria kocak banget keprungu ing kuping-kupinge bocah Jawa. Semono
uga nalika rasan-rasan. Sejatine cah-cah kuwi ora ngerasani kaya pandugane
Maria. Mung ngomongne asal, kapan pindah, omahe ing endi. Ya, lumrahe yen
ketekan cah pindahan kae. Sayang, Maria ora ngerti basa Jawa. Kuwi sing marahi
Maria dadi nduga kaya ngono. Ya, ya...Maya ngerti sebabe.
“Nah, kamu pengen tahu kenapa mereka
menertawakanmu?” takone Maya.
Maria
manggut.
“Kamu juga ingin tahu apa yang mereka
bicarakan dibelakangmu?”
Maria
manggut maneh.
“Bagaimana kalau kamu belajar bahasa Jawa
denganku?”
Maria
nimbang-nimbang. Ora let suwe bocah kang rambute kriting kuwi ngomong ,”Oke!”
Sesuke
Maria mulai belajar basa Jawa marang Maya. Mulane rada kangelan, sebab Maria
kudu ngapalake tembung anyar. Seminggu, Maria isih durung lancar. Asring Maya
kemekelen nalika Maria salah ngucap. Arep nyebut kathok dadi klambi. Utawa arep
nimbali Paklik, sing kawetu malah Bulik. Hahahaha!
Rong
minggu, Maria mulai ngerti. Telung minggu tambah akeh tembung anyar kang
dielingi. Petang minggu Maria mulai paham apa sing diomongne liyan. Masiya tak
ora bisa mbales kerana isih bingung arep ngucap apa. Anapi, amarga kuwi Maria
dadi pede. Maria dadi luwih gampang olehe kekancan. Ora kaya biyen. Gara-gara
kuwi Maria dadi krasan. Praupane tansah cerah lan ora nate mikirne kepinginan
bali ing Belu maneh.
Sebab
kuwi nalika ana tugas ngarang basa Indonesia, Maria nulis perkara iku. Maria
njlentrehne apa bae sing dilakoni dening Maya kanggo dheweke. Ora keri, Maria
nelakake matur nuwun marang Maya. Merga tulisane apik, Bu Lisna banjur ngakon
Maria maca ing ngarep kelas. Kabeh pada meneng, antarane takjub lan kagum
krungu ceritane Maria. Kelas kang maune rame dadi mamring kerana kuwi.
“Kalau bukan karena Maya, mungkin saya tidak
seperti ini. Matur nuwun, Maya...”” pungkase Maria, disusul tepuk tangan
rame.
Ing
pojokan Maya mesem. Dene Maria mandheng karo manthuk jeru, nelakake rasa terima
kasihe.
Komentar
Posting Komentar